Selasa, 21 September 2010

Preinan Sekolah

>Aku mulai prei sekolah tanggal 4 September ngasi tanggal 19 September tahun 2010. Tanggal 4 ngasi tanggal 6 tak gunakake kanggo nggarap PR-PR sakdurunge bodho teko. Bengi-bengi malam takbiran aku lan keluarga ning ngarep omah ndelengi wong-wong kang melu takbiran keliling. Tanggal 11 esuk-esuk jam 5 aku tangi turu lan langsung adus lan sarapan sak durunge ngelaksanakake salat idul fitri, jam 6 aku lan keluarga ngelaksanakake salat idul fitri ing mushola al-hidayah. Sakwise salat idul fitri aku kunjung ing omahe mbah purti kang ono ing ngguri omahku. Sakwise iku, aku lan keluarga ning omahe mbah purti kang soko ibuk, ning kono keluarganne ibuk ngumpul kabeh jam 10-an kabeh dulure ibuk lan mbah lungo ning gembong ning omahe mbake mbah putri. Ning kono aku lan keluarga mangan semur kebo kang nyembelih dewe. Bodho ke-2 aku lan koncoo-koncoku SD podho ning omahe guru-guru SD-ku mbiyen. Sak jane aku lan koncoku arep lungo ning omahe guruku kang ono ing Gembong, tapi durung ono setengah perjalanane wis do kesel kabeh marai dalan munggah, numpak sepeda nisan kayak wong olahraga ancen,,, ikulah pengalaman preiku!!!!!!!!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar